Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Rabu, 22 November 2017

Wacan Eksposisi


Pangerten
Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi
1.    Wangun tulisan sing nyedhiyani pegertian lan kawruh
2.    Njawab pitakonan bab apa , apa, yen, lan carane
3.    Arupa wacan informasi.
4.    Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
5.    Wasananing wacan ana penjelasan.


Jenise wacan eksposisi
1.    Wacan sing nuduhake proses.
2.    Wacan sing nuduhake tuladha.
3.    Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Jenise paragraf eksposisi
1.    Eksposisi Definisi
2.    Eksposisi Klasifikasi
3.    Eksposisi Klasifikasi
4.    Eksposisi ilustrasi
5.    Eksposisi Perbandingan
6.    Eksposisi Laporan

Carane nulis wacan eksposisi
1.    Nemtokake underane (Tema) perkara.
2.    Nemtokake tujuwan.
3.    Ngumpulake data saka maneka sumber.
4.    Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
5.    Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Tuladha I
CARANE NGGAWE SOP JAGUNG
BAHAN :
·         2 Jagung legi, dipipil
·         2 Wortel, diiris kothak-kothak
·         5 Sosis ayam utawa sapi, diiris tipis-tipis
·         1 Bawang bombay, diiris tipis
·         2 Godhong bawang, diiris alus
·         3 sdm sagu, diencerake nganggo 50 cc banyu
·         1 endhog pitik, dikocok
·         1,5 liter banyu utawa kaldhu
BUMBU :
  • 3 Bawang putih dialusake
  • 2 sdm kecap asin
  • 3 sdm saus tiram
  • Uyah, gula, lan mrica sacukupe
CARANE NGGAWE :
1.  Bawang putih ditumis nganggo sethithik lenga, goreng nganti wangi.
2.  Bawang bombay dicemplungake, diudhak nganti setengah mateng, banjur ditambahi jagung legi, wortel, lan kaldu nganti umup.
3.   Cemplungna kecap asin, saus tiram, gula, uyah, lan mrica.
4.    Cemplungna sosis, banjur dimasak nganti kabeh mateng.
5.    Tambahna banyu sagu lan terus diudhak.
 6.  Tambahna kocokan endhog sinambi diudhak, pateni genine banjur diwur-     wuri godhong bawang.

Tuladha II
Apa kuwi Tedhak Siten ?
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan".
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Sebabe dianakake Tedhak Siten
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

Umbarampe upacara tedhak siten
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
· Pengaron sing diisi kembang setaman.
· Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
· Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.    Pari sabengket
2.    Kapuk sabengket
3.    Piranti nulis
4.    Bokor kang diisi beras kuning
5.    Werna-werna jinis dhuwit
6.    "Perhiasan"
· Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
· Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
· Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
· Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
· Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.

Urutane Upacara tedhak siten
· Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
· Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
· Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertasguntingpethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
· Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
Tuladha III



Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.


Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
Ijab kabul
Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

Sumber : 
https://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/11/wacan-eksposisi/
http://tedobagibagiilmu.blogspot.co.id/2017/08/tedhak-siten-dalam-bahasa-jawa.html
http://sumbang2009.blogspot.co.id/2010/02/penganten-adat-jawa.html










Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...