Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Selasa, 21 November 2017

NOVEL JAWA

Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsik lan ektrinsik kang sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, sosial, moral, pendidikan, lan sapiturute. 
Ciri-cirine novel :
1.       Cacahe tembung ing  novel luwih saka 35.000 tembung
2.       Suwening wektu kanggo maca novel kang cepet dhewe saora-orane 2 jam utawa 120 menit
3.       Gunggunge kaca wetara 100 kaca
4.       Gumantung ing paraga lan manawa luwih saka saparaga
5.       Caritane luwih saka siji impresi, efek, lan emosi
6.       Caritane dawa kepara ngambra-ambra
7.       Seleksine carita jembar
8.       Alure crita ora cepet
9.       Ora cekak aos nanging akeh tembung utawa ukara kang dibolan baleni













Unsur intrinsik novel :
  • Tema, yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning novel.
  • Setting, yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan panggonan, sosial budaya
  • Punjering crita (sudut pandang), sudut pandang diperang dadi 3, yaiku pengarang mggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan (dheweke luwih akeh ngamati sanjabane tinimbang sajroning crita/wong ketelu), pengarang nggunakake sudut pandang impersonal (dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti).
  • Alur/plot, yaiku rerangkening kedadeyan ing novel. Alur diperang dadi 2, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flash back progresif).
  • Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku.
  • Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
Unsur ektrinsik novel :
Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapiturute sanjabane unsur intrinsik. 




Sumber : 

Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...