Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Rabu, 07 Februari 2018

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara
Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku layang kang asipat ora resmi
Wara wara iku nnggone nggawe kudu bisa narik kawigaten marang kang bakal maca/ngrungokake, mula kudu cekak aos lan cetha.
Perangane wara-wara ora ganep kaya layang liyane. Isine yaiku sapa kang nggawe wara-wara, katujokake marang sapa, lan surasane apa wis cetha isa diwartakake.
Perangane wara-wara yaiku :

  • Adangiyah
  • Pambuka/bebuka
  • Surasa basa/isi
  • Wasana basa/panutup
  • Papan lan titi mangsa
  • Peprenah
  • Asma terang
Jinise wara-wara iku werna-werna, kayata wara-wara, pariwara/iklan, brosur, pamflet, lelayu,baliho, kampanya, lsp.
Wara-wara bisa diwartakake lumantar tulisan utawa lesan. 

Pariwara/Iklan
Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara/iklan yaiku supaya masarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Bab-bab kang perlu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :
  • Ukarane cekak aos
  • Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami
  • Tulisan lan gambare narik kawigaten
Cara Panggawene Pariwara Tinulis
Ing ngisor iki dijlentrehake bab carane nggawe pariwara tinulis :
  • Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten
  • Pamilihing warna kang pas ndadekake pariwaraiku nyenengake. Olahen werna dadi werna kang bisa narik kawigaten lan gawenen werna kang kontras.
  • Headline lan isi utama kudu cetha lan jelas ben bisa diwaca kanthi jelas
  • Gaya tulisan kudu digatekake

Sumber : 
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...