Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Selasa, 21 November 2017

Sesorah

Pangerten
Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.

Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
1.      Nyiapake underan / tema sesorah.
2.      Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3.      Naliti kahanan pamiarsa.
4.      Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5.      Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6.      Ngempalake bahan sesorah.
7.      Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8.      Gladhen sesorah.

Metode-metode sesorah :
1.  Metode maca sawutuhe, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2. Metode hafalan, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3. Metode pandom lajer, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4. Metode impromptu (dadakan), yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.

Jinis-jinising sesorah :
1.      Sesorah miturut ancase (tujuan) :
·         Menehi informasi / pemanggih.
·         Menehi panglipur.
·         Kanggo pangajak-ajak.
2.      Miturut kahanane sesorah :
·         Sesorah resmi.
·         Sesorah setengah resmi.
·         Sesorah ora resmi.
3.      Miturut pendekatan isine sesorah :
·         Sesorah intelektual.
·         Sesorah moral.

Cengkorongan / kerangka sesorah :
1.      Purwaka basa (pambuka)
·      Salam Pambuka
·      Sapaan
Dhumateng Bpk. Subagja ingkang kula hormati, lan dhumateng rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani.
·      Syukur
Puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kesehatan dhumateng kita sedaya saengga kita saged makempal sesarengan kanthi pinaringan kesarasan saha kawilujengan.
2.      Isi (surasa)
4.      Dudutan / wigati / ringkesan
5.      Panutup (wasana)
·      Nyuwun pangapunten
·      Salam penutup

Tuladha sesorah :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.


Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Sumber :
http://www.blogforlearning.com/2016/01/sesorah-yaiku-materi-basa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...