Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Selasa, 16 Januari 2018

Serat Wedhatama Wulangan I (Serat Wedhatama Pupuh Pocung)

SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.

Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut kamus kawi-indonesia karangan  L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
      
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh  ing serat wedhatama yaiku :


1. Pangkur (14 pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun.  Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.


2. Sinom (18 Pada)
Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.\

3. Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.

4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.

5. Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :

a. Piwulang kanggo kanoman
      Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.
      Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
      Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.
      Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.

b. Piwulang kanggo wong tuwa
    Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.

Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.

PUPUH POCUNG
Pupuh yaiku jinising tembang. Menawa Pada yaiku araning cacah tembang macapat saben salagu saka wiwitan tekan pungkasan.Pocung (ana kalane tinulis pocong) iku tembang macapat kang ngelingake marang pepati. Pocung cedhak karo tembung Pocong. Kaya pralambang mori kaggo mbungkus layon, Pocung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip neng dunya ana pungkasane.

Ananging pocung ugi nduwe teges liya. Wanda cung uga marai gawe rasa seger di enggo tembang tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan. Mula tambang pocung kajaba nggambarake layon di pocong, uga nduweni watak sakepenake utawa kendho. Pupuh pocung iku nduweni 15 pada. 


Pangertene lan Maknane Tembang Pocung
Miturut maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati.

Pathokane Tembang Pocung
Pocung
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
12
u
4
6
a
8
i
12
a

Watak Tembang Pocung
Watake tembang Pocung yaiku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan.

Wos Kang Kamot ing Tembang Pocung (Wedhatama)
  • Ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amaarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara. Bedha maneh karo wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar, iku bakal ndadekake swasana dadi seneng.
  • Mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kepengen enthuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. 
Serat Wedhatama Pupuh Pocung
Pada 1
Ngelmu iku, Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Gancaran 1
Ngelmu iku bisa kagayuh yen di lakoni
Kawiwitan kanthi niat
Bisa gawe sentosaning diri pribadi
Bisa ngasorake tindak angkara

Pada 2
Angkara gung, Neng angga aggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen di umbar ambabar dadi rubeda


Gancaran 2
Nepsu angkara kang gedhe
Jroning driri pribadi bakal saya ndadi lan ngrembaka
Olong golong anut jenise
Ngrembaka saindheng ing jagad
yen di umbarake bakal dadi memala


Pada 3
Bada lamun, Kang sus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama


Gancaran 3
Beda kalawan kang wus ngerti marang dhiri pribadi
Sugih ing pangapura
Marang pepadha kang luput
Supaya sabar lan berbudi ing saben wayah


Pada 4
Taman limut, Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing katamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreda sahardi gengira


Gancaran 4
Dhiri pribadi kang waspada tumindak ala
Kang agawe lali ora gelem gawe rubeda
Amarga tan pinaring rahmat
lan anugrah Gusti Allah


Pada 5
Yeku patut tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mudhi diri lapal makna


Gancaran 5
Yaiku kang patut di tuladha
Kaya kabeh pituduhku
Aja kaya jaman mengko
Akeh bocah anomm kang kumalungkung amarga apalan ayat


Pada 6
Durung becus kesusu selak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma

Gancaran 6
Durung pinter nanging wes kuminter
Negesake ayat
Kaya sayid saka mesir
Saben-saben mung ngremehke Kagunane wong liya

Pada 7
Kang kadyeku kalebu wong ngaku
Aku akale alangka
Elok jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing mekah


Gancaran 7
Kang kaya ngunu iku kalebu wong kang ndaku
Kapinterane cethek
Budaya jawa di emohi
Suwalike malah milih sinau neng negara mekah


Pada 8
Nora weruh, Rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere padha marsudi
Kana-kene kaanane nora beda


Gancaran 8
Orangerti tegese ngelmu kang di sinau
Saktenane ana ing dhiri pribadi
Sauger gelem ngupaya
Ngendi-endi ngelmu iku padha wae


Pada 9
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kanul kabuka
Ing drajat kajatig urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata

Gancaran 9
Sauger ora kakean tingkah
Supaya remasuk ing ati lan kalbu
Drajat kamulyan sejati
Kaya kang tinulis ing pupuh

Pada 10.
Basa ngelmu mupakate lan panemune
Pasahe lan tapa
Yen satria tanah jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara

Gancaran 10
kang arane ngelmu iku, Mufangate pada lan panemune dhiri
Kanthi pasa lan tapa
Yen satria tanah jawa
Biyen biyen kang dadi ana telung perkara


Pada 11
Lila limun kelangan nora gegetun,
Trima yen ketaman
Sakserik semeng dumadi tri
legawa nalangsa srah ing bathara

Gancaran 11
Ikhlas, lila yene kelangan ora di getuni
Sabar yen di sendhu lan di larani
Dening sapadha padha
Sabar pasrah ing ngrasani Gusti Allah

Pada 12
Bathara gung Inguger granng jajantung
Jenek hyang wisesa
sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara


Gancaran 12
Gusti Allah iku dumunung ana ing telenging ati
Dadi siji kang maha kuasa
Mung tansah jaga sucining lahir lan bathin
Ora kaya wong kang tansah ngumbar angkara


Pada 13
Nora uwus kareme anguwus uwus
Uwuse tan ana
Mung janjini muring muring
Kaya buta buteng betah anganiya


Gancaran 13
Ora gelem di ina nanging enenge ngina sapadha-padha
Ora ana tegese
Bisane amung nesu nesu
Kaya buta, bodho seneng gawe piala


Pada 14
Sakeh luput ing angga tansah liniput
linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada

Gancaran 14
Kabeh luputing dhiri pribadi Di tutup-tutupi
Di tutupi nganggo manise tembung
Ngira yen ora ana kang mangerteni
Ngomongo yen ora seneng gawe ala nanging tumindake gawe rusak


Pada 15
Durug punjul ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
tangeh nedya anggambuh mring Hyang wisesa


Gancaran 15
Durung pinter naging kesusu kepingin di anggep wasis
Amarga ana hawa lan rasa kurang
Kang tinutup dening pamrih
Tangeh bisa manunggal kalawan gusti Allah


sumber : 
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.

1 komentar:

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...