Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Jumat, 29 September 2017

AKSARA JAWA (I)







sumber : 
http://www.gimonca.com/indonesia/huruf_jawa.html
https://nindityo.wordpress.com/2008/04/12/ayo-belajar-nulis-aksara-jawa/
https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/

ATER-ATER, SESELAN, LAN PANAMBANG

ATER-ATER
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana sangarepe tembung lingga. Wernane ater-ater ana 3 yaiku:
1.      Ater-Ater Tripurusa
       Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater tripurusa mratelakake tembung “tanggap” (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku dakkodi.
Tuladha:
a.       dak + pangan = dakpangan
Roti sing ning meja wis dakpangan mau esuk.
b.       ko + pangan = kopangan
Lauhe kopangan to ?
c.        di + pangan = dipangan
Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur mau dipangan Adit.

TEMBUNG SAROJA

Tembung saroja yaiku tembung  loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan.
Tuladha:
a.       Wayang  iku minangka budaya kang adi luhung.
b.       Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.
c.        Wong  Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
d.       Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
e.        Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
f.        Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
g.        Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna.

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...