Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Sabtu, 20 Januari 2018

Wara-wara lan Pariwara

Wara-wara
Wara-wara (pengumuman) yaiku salah sawijining wujud pawarta utawa layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Mula wara-wara iku warta kang asipat ora resmi.
Perangane wara-wara ora ganep kaya layang liyane, watone sapa kang nggawe, katujokake marang sapa, lan surasane apa wis cetha isa diwartakake.
Perangan wara-wara iku :  adangiyah, pambuka/bebuka, surasa basa/isi, wasana basa/panutup, ppan lan titimangsa, paprenah, lan asma terang.
Jinise wara-wara iku maneka arna, ing antarane kayata wara-wara, pariwara/iklan, brosur, pamflet, lelayu, baliho, kampanye, lsp.
Wara-wara iku diwartakake isa lumantar tulisan utawa lesan.

Pariwara/Iklan
Pariwara/Iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elktronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.
Bab kang perlu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :

  1. ukurane cekak aos,
  2. basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami,
  3. tulisan lan gambare narik kawigaten.
Cara Panggawene Pariwara Tinulis
  1. Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten.
  2. Desain werna, pamilihing werna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengke. 
  3. Headline lan isi utama desain
  4. Gaya tulisan, misale huruf cilik menehi kesan ramah lan asor, aksara kandel menehi kesan maskulin, bayangan menehi kesan 3D ing tulisan, lsp.
Pariwara Radhio
Iklan ing radhio duwe cakrik (karakteristik) kayata :
  • Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.
  • Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.
Pariwara radhio iku lumrahe mung diwartakake satleraman. Mula saka iku panulise teks pariwara becike :

  • Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang.
  • Nulis minangka wujud komunikasi langsung.
  • Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane.
Pariwara radhio iku nggunakake swara manungsa, musik, jingle, efek swara.

Pariwara TV
Cakrike pariwara TV yaiku :
  • Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak.
  • Piranti ing pariwara TV Luwih genep tinimbang pariwara radhio.

sumber :
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...