Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Kamis, 18 Januari 2018

Wimbuh Kawruh


Tembung Ngoko
Yen sinawang saka panggonane, tembung ngoko iku isa digunakake dening wong kapisan, kapindho, katelu. Tembung ngoko mesthi duwe tembung krama, krama inggil, lan utawaa krama andhap. Yen ana tembung kang dikira ngoko nanging kanyatane ora duwe padhanan tembung krama, madya, krama inggil/krama andhap, tembung kasebut diklompoke ing tembung netral.
Tuladha : turu, adus, mangan, lsp.

Tembung Netral
Tembung netral iku minangka tembung kang ora duwe padhanan tembung liyane. Tembung netral ora ngemu teges kasarutawa alus, mula tembung iki isa digunakake kanggo awake dhewe (wong kapisan), lan kanggo wong liya (wong kapindho apadene wong katelu).
Tuladha : cendhela, sapu, kates, ayu, bagus, gantheng, lsp.

Tembung Krama Andhap
Ana saperangan cara kang digunakake wong Jawa wicantenan ing bebrayan agung kanggo ngurmati marang kang dijak guneman. Ing padhatan kanthi ngluhurake kang diajak guneman, lan ana kang ngasorake dhiri pribadhi. Tembung krama andhap mung isa digunakake kanggo awake dhewe, ora isa digunakake kanggo wong liya.
Tuladha : sowan, matur, ndherek, marak, lsp.

Tembung Krama Inggil
Ing bebrayan agung Jawa, ngurmati marang kang diajak guneman iku minangka perangan kang kudu ditindakake. Tembung krama inggil iku mung isa digunakake kanggo wong liya, tumrap wong kapindho apadene wong katelu, dene awake dhewe ora kena nggunakake tembung iki.
Tuladha : dalem, dhahar, rawuh, tindak, ngunjuk, lsp.

sumber :
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...