Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Senin, 22 Januari 2018

Wimbuh Kawruh Bageyan 2

Ngoko Lugu
Cirine/Titenane :

  1. Kabeh tembung-tembunge migunakake tembung ngoko
  2. Nggunakake ater-ater tripurusa ngoko (dak-, kok-, di-), panambang ngoko (-ku, -mu, -e, -ake)
  3. Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang pertama) nggunakake tembung aku, sesulih kapindho ( kata ganti orang kedua) nggunakake tembung kowe, lan sesulih katelu (kata ganti orang ketiga) nggunakake tembung dheweke. 
Panggonane :
  • Marang sapadha-padha
  • Bocah karo bocah
  • Wong tuwa marang bocah
Tuladha :
  • Kowe sesuk dolan menyang omahku ya!
  • Aku karo adhiku padha-padha seneng bal-balan.
Ngoko Alus/Andhap
Cirine/titenane :
  1. Nggunakake tembung-tembung ngoko kang diselingi tembung krama/krama inggil
  2. Nggunakake ater-ater tripurusa ngoko (dak-, kok-, di-), panambang ngoko (-e, -ake)
  3. Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata ganti orang pertama) nggunakake tembung aku, sesulih kapindho ( kata ganti orang kedua) nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan sesulih katelu (kata ganti orang ketiga) nggunakake tembung piyambake/panjenengane
  4. Tembung krama /krama inggil digunakake kanggo wong liya lan mapan ing jejer (subjek) utawa wasesa (predikat).
Panggonane : 
  • Wong sing padha tuwane
  • Wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni
  • Adhi marang kakange sing wis kulina
Tuladhane :
  • Aku wingi ngerti pakdhe karo budhe tindak nitih mobil.
  • Mas Hasta, aku nyuwun tulung panjenengan gawekke tulisan aksara Jawa kang genep.
sumber :
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...