Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Selasa, 30 Januari 2018

Wangsalan lan Basa Rinengga

Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing seamper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi cetha, nanging sarana disebutake saewanda utawa luwih.
Tuladha:

  1. Jenang gula, kowe aja lali (Jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali)
  2. Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh (Janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi kadingaren)
  3. Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake (Jangan gori iku arane gudheg, mula bisa dadi tembung judheg)
Basa Rinengga
Yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. 
Jinis-jinise Basa Rinengga :

Tembung saroja 
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan.
Tuladha: 
Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.
Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.

Tembung entar
Tembung entar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan).
Tuladha : 
Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.

Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé.
Tuladha : 
Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)
Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).
Tuladha : 
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake

Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke
Tuladha :
Kocak tandha lukak
tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe
Sedhakep ngawe-awe
tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh
Ngubak-ngubak banyu bening
tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem

Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.
Tuladha :
Gajah ngidak rapah
tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe
Sumur lumaku tinimba  
tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
Lahan karoban manis
tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene

Sumber : 
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.
hhtp://http://setohandoko.blogspot.co.id/p/basa-rinengga.html





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...