Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Senin, 29 Januari 2018

Purwakanthi lan Parikan

Purwakanthi
Purwa iku tegese wiwitan, kanthi teges gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara., wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wandha utawa tembung sakmburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepengin makmur
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan.


Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara "ur".
Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara "a" lan swara "an".
Purwakanthi ana warna telu, yaiku :
Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha :
Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak gliyuk tumindak, alon-alon waton kelakon\
Yen gelem obah bakal mamah

Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane:
Tuladha :
Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet.
Sluman, slumun, slamet.

Purwakanthi lumaksita (Purwakanthi guru basa), yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganngo pathokan swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.  Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara, lan nganngo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud).
Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun.
Cirine parikan :

  1. Cacahe wanda ukara sepisan kudu padha kara ukara kapindho.
  2. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).
  3. Tibaning swara ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.
  4. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
  5. Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.
Tuladha :
Parikan kedadeyan saka rong gatra
Wajik klethik, gula jawa.
Kalah dhisik, ora papa.

Kutha Kendhal, kali wungu.
Ajar kenal, karo aku.

Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.

Parikan kang kedadeyan saka patang gatra
Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot.
Mula becik ngati-ati.

Jangan kacang jangan kara,
Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra mudha.
Aja wedi ing rekasa.


sumber :
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...