Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Rabu, 17 Januari 2018

Crita Rakyat

Pangertene Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat ing papan iku.  Umume awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake sawijining tokoh.
Crita rakyat(folklore) iku crita saka jaman kuna kang isih urip madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan.
Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelipur lelara.


Unsur Crita Rakyat
Unsur-unsure crita rakyat yaiku :

  1. Tema, yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
  2. Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, lan sosial budaya.
  3. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, kewan, lan sapiturute.
  4. Alur/plot yaiku rerangkening kedadeyan ing crita. Alur diperang dadi loro, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flash back progresif).
  5. Penokohan, yaiku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku.
  6. Konflik, yaiku perkara kang dadi punjere crita.
Karakter Crita Rakyat 
Karaktere crita rakyat yaiku :
  • Anonim, tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit
  • Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan
  • Dicritakake kanthi lesan
  • Sing nyritakake saka generasi ke generasi.
Wujud Crita Rakyat
Miturut William R. Bascom wujude crita rakyat ana 3, yaiku :
  1. Mitos, crita sing bener-bener dianggep kedadeyan ing alam daratan, segara utawa langit. Paragane menungsa sekti, dewa, kewan kang duweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ing segara, lan sapiturute. Tuladhane mitos, yaiku : Kanjeng Ratu Kidul ing Pesisir Kidul, crita Nyai Lanjar ing Pesisir Lor, lsp.
  2. Legenda yaiku kedadeyan ing bumi lan crita mau bener-bener kedadeyan. Crita legenda duweni petilasan arupa watu, wit, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legenda kayata : crita kedadeyane Kutha Semarang, crita kedadeyane Kutha Salatiga, lsp.
  3. Dongeng yaiku crita sing dianggep ngayawara, ora bisa dipercaya. Tuladhane kayata : Timun Mas, Keong Mas, Kancil Nyolong Timun, lsp.
Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Bab-bab kang kudu digatekake nalika gawe sinopsis yaiku :
  • Tema
  • Latar
  • Alur
  • Penokohan
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.

sumber :
Gandung Widaryatmo,dkk.2014.Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI.Jakarta.Erlangga.

1 komentar:

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...