Learning to know, Learning to do, Learning to understand, and Learning to life in peace

Kamis, 27 Juli 2017

Tembang Macapat

SEKAR UTAWA TEMBANG

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
2. Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3. Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5. Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6. Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan/bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma: Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
9. Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung: Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.


Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
3Balabak

Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeraning tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kangdimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrahing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhesastra Jawa gagrag anyar.

Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnanecengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).


Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak dhewe-dhewe, yaiku :
No
JiniseTembang
Paugeran
Watak
1.
Pucung
12u, 6a, 8i, 12a
Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.
2.
Maskumambang
12i, 6a, 8i, 8a
Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta
3.
Gambuh
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.
4.
Megatruh
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.
5.
Kinanthi
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Seneng, tresna, lanasih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.
6.
Asmaradana
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Sedhih, sengsem, prihatin marga ketamaning rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.
7.
Mijil
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.
8.
Pangkur
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.
9.
Durma
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
Galak, muntab, kanggo medharake rasa ning ati kang nepsu utawa kanggo ingcarita perang.
10.
Sinom
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.
11.
Dhandanggula
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutup ing karangan kang sinawung ing tembang.
 (Padmosoekotjo, 1953:12)

Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo ngandharake ancasedhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang anaingdhuwur, bisa dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.

1)   Guru Lagu
Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacaheana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine yaiku paugeran kanga wujud guru lagu.
Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingi ing swara ing wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra (2001:57) yen guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik sajrone pada sawijining pola sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.
Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swaraing pungkasane gatrane tembang.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - u
kang cinatur polah kang kalantur - u
tanpa tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa katutuh -  u
kapatuh pan dadi awon  - o

 2   Guru Gatra
Paugeran sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur               
kang cinatur polah kangkalantur            
tanpa tutur katula-tula katali                cacahe 5 gatra
kadaluwarsa katutuh               
kapatuh pan dadi awon      
          
3)        Guru Wilangan
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ingdhuwur, banjur kang pungkasan yaiku guru wilangan.
Tembung wilangan ana gegayutane karoangka. Miturut tegese, wilangan nduweni teges etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran, wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisaditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - 7
kang cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa katutuh - 8
kapatuh pan dadi awon - 8

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING :
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.



Sumber : Dari berbagai sumber

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pariwara/Iklan Bageyan 1

Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...