Komunikasi melalui facebook, twitter, hangout, whatsapp merupakan contoh beberapa program komunikasi online dengan memanfaatkan jaringan internet. Dalam pembahasan kali ini akan dijelaskan sedikit mengenai komunikasi dalam jaringan atau bisa disebut dengan komunikasi daring atau komunikasi online.
Senin, 15 Januari 2018
Rabu, 22 November 2017
Wacan Eksposisi
Pangerten
Wacan
Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok
pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi
1.
Wangun tulisan sing nyedhiyani pegertian lan
kawruh
2.
Njawab pitakonan bab apa , apa, yen, lan
carane
3.
Arupa wacan informasi.
4.
Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
5.
Wasananing wacan ana penjelasan.
Selasa, 21 November 2017
Sesorah
Pangerten
Sesorah yaiku salah satunggaling
kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi
ide.
Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
1. Nyiapake underan
/ tema sesorah.
2. Nyiutake tema
dadi irah-irahan (judul).
3. Naliti kahanan
pamiarsa.
4. Ndamel
cengkorongan / kerangka sesorah.
5. Nemtokake ancase
/ tujuane sesorah.
6. Ngempalake bahan
sesorah.
7. Ngembangake /
ngrembaakake cengkorongan.
8. Gladhen sesorah.
NOVEL JAWA
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsik lan ektrinsik kang sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, sosial, moral, pendidikan, lan sapiturute.
Ciri-cirine novel :
1. Cacahe tembung ing novel luwih saka 35.000 tembung
2.
Suwening wektu kanggo maca novel kang cepet dhewe
saora-orane 2 jam utawa 120 menit
3.
Gunggunge kaca wetara 100 kaca
4.
Gumantung ing paraga lan manawa luwih saka saparaga
5.
Caritane luwih saka siji impresi, efek, lan emosi
6.
Caritane dawa kepara ngambra-ambra
7.
Seleksine carita jembar
8.
Alure crita ora cepet
9.
Ora cekak aos nanging akeh tembung utawa ukara kang
dibolan baleni
Ciri-cirine novel :
1. Cacahe tembung ing novel luwih saka 35.000 tembung
Jumat, 29 September 2017
AKSARA JAWA (I)
sumber :
http://www.gimonca.com/indonesia/huruf_jawa.html
https://nindityo.wordpress.com/2008/04/12/ayo-belajar-nulis-aksara-jawa/
https://hidupsimpel.com/aksara-jawa/
ATER-ATER, SESELAN, LAN PANAMBANG
ATER-ATER
Ater-ater yaiku aksara utawa wanda kang mapan ana sangarepe tembung lingga.
Wernane ater-ater ana 3 yaiku:
1. Ater-Ater Tripurusa
Ater-ater
tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku
kosokbalene ater-ater anuswara. Beda karo ater-ater anuswara, dene ater-ater
tripurusa mratelakake tembung “tanggap” (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana
telu, yaiku dak, ko, di.
Tuladha:
a.
dak
+ pangan = dakpangan
Roti sing ning meja wis dakpangan mau esuk.
b.
ko
+ pangan = kopangan
Lauhe kopangan to ?
c.
di
+ pangan = dipangan
Ibu ngasta oleh-oleh jeruk, banjur
mau dipangan Adit.
TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo
bebarengan.
Tuladha:
a. Wayang iku
minangka budaya kang adi luhung.
b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu
nggunakake akal budi.
c.
Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
d. Pegaweyane mung angkat
junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane ?
e.
Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo
mangan saben dinane.
f.
Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
g.
Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti
mandraguna.
Langganan:
Postingan (Atom)
Pariwara/Iklan Bageyan 1
Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...
-
Komunikasi melalui facebook , twitter , hangout , whatsapp merupakan contoh beberapa program komunikasi online dengan memanfaatkan jaringan ...
-
SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Se...
-
Wara-wara Wara-wara utawa pengumuman yaiku salah sawijining wujud pawarta/layang/nawala (surat) kang katujokake marang umum. Wara-wara iku ...


